Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pengetan Hari Kartini Siswa Pereng Merapi

Pengetan Hari Kartini Siswa Pereng Merapi

Klaten, www.jogjatv.tv – Atusan siswa ing pereng Redi Merapi nindakaken maneka kridha kangge mengeti Hari Kartini kanthi suwasana jawa. SMP N 2 Kemalang, Klaten dinten Kemis (21/4) enjing nggelar maneka kridha kangge mengeti hari kartini. Sekolah ingkang dumunung ing pereng Redi Merapi kasebat mengeti Hari Kartini kanthi upacara ingkang paraga petugasipun sedaya inggih wanita lan aba-abanipun mawi basa jawa. Sedaya siswa lan guru karyawan ngangge busana adat jawa jangkep. Miturut Kepala SMP N 2 Kemalang Klaten, Sumaryana, lampahing upacara sengaja mawi basa jawa inggih kangge ngulinakaken siswa basa jawa. Sumaryono ngajak dhateng sedaya para siswa, guru, karyawan sarta masyarakat supados nglajengaken perjuwanganipun RA. Kartini, laras kaliyan keahlian, profesi, sarta kasagedanipun.

Salebeting kalodhangan kasebat ugi dipun gelar lomba keluwesan lan masak kanthi bahan baku tela. Bab punika dipun tindakaken awit tlatah Kemalang inggih salah satunggal papan produsen tela ingkang saged dipun ocal dados tetedhan alternatif. (Sri Haryadi)

Share this with friends

Comments are closed.