Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pengetan  Hari Bumi

Pengetan  Hari Bumi

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Hari Bumi Sedunia dipun pengeti tanggal 22 April.Ancasipun kangge njurung lan nuwuhaken  kawigatosan manungsa dhateng planet papanipun ing bumi. Kesadaran njagi lestarining wewengkon prayogi dipun tepangaken wiwit lare taksih alit kanthi ajeg.  SD Negeri 1 Ungaran,Kotabaru,Gondomanan,Yogyakarta,mengeti Hari Bumi sesarengan kaliyan pengetan Hari Kartini kangge nulad semangat kepahlawanan Kartini ingkang nresnani  bumi utawi wewengkonipun. Salebeting kalodhangan kasebat dipun gelar maneka kridha, antawisipun kirab busana barang bekas, lomba cipta karya barang bekas, lomba damel miniatur bumi, pameran seni berbasis lingkungan sarta lomba masak bahan baku pala kapendhem.

 

Pengetan Hari Bumi boten uwal saking kesadaran sosial lumantar  informasi ingkang jangkep bab pelestarian lingkungan tumrap lare. Kajawi punika ewah-ewahan  iklim bumi utawi pemanasan global boten saged dipun kendhaleni. Awit saking punika manungsa kedah nglarasaken kaliyan  kawontenan kasebat, antawisipun kanthi  njagi lestarining wewengkon. (Purwanto)

Share this with friends

Comments are closed.