Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kirab Budaya Merti Dhusun Jodog

Kirab Budaya Merti Dhusun Jodog

Bantul, www.jogjatv.tv – Minangka wujud pratelan raos syukur awit sih nugraha Gusti ingkang hakarya jagat, Warga Dhusun Jodog, Gilangharjo Pandak Bantul, nggelar upacara merti dhusun, kanthi dipun regengaken kirab budaya, dinten Kemis (22/4) sonten.

Kanthi ngangge busana adat jawa, atusan warga tumut kirab budaya rerangkening upacara  merti dhusun, ingkang dipun gelar kalih taun sepisan.  Kirab bidhal saking pelataran griya Dukuh Jodog mubeng dhusun.

Miturut Dhukuh Jodog, Budi, upacara merti dhusun dipun tindakaken kanthi turun temurun, kanthi  ngadani kenduri majemukan lan ringgitan dene upacara merti dhusun samangke ugi dipun regengaken  kirab budaya,  ngarak gunungan saking 6 RT. Elokipun,  2 gunungan  ing antawisipun inggih gunungan pantun, pralambang pakaryan baku Warga Jodog ngkang racakipun  petani lan kawentar minangka teleng prodhusen pantun ing Kecamatan Pandak. (Anang Zainuddin)

Share this with friends

Comments are closed.