Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pengamanan Natal

Pengamanan Natal

Klaten, www.jogjatv.tv – Dinten Rebo (23/12) enjing, Polres Klaten nggelar Apel Pasukan Operasi Lilin 2015, ing Lapangan Mapolres Klaten. Apel dipun pandhegani dening Kabag-Op Polres Klaten, Kompol Priyo Utomo. Pengamanan pahargyan natal, kapantha dados 3 ring pengamanan, ring satu dhateng greja , ring dua dhateng margi sakiwa tengen greja lan ring 3 dhateng margi-margi mathis tlatah Kitha Klaten.

Operasi Lilin 2015 kawiwitan tanggal 24 Desember wanci jam 00.00 WIB ngantos tanggal 2 Januari 2016. 600 personel kepolisian dipun kerigaken salebeting operasi, sadanguning 10 hari dinten kasebat. Salebeting operasi lilin, Polres Klaten kabiyantu dening mitra Kamtibmas lan Polsek dene pangeduming ayahan, 150 aparat jagi dhateng tiga pos keamanan, lan 450 aparat dipun samektakaken dhateng Mapolsek lan Mapolres. Tetiga pospam Polres Klaten wonten ing tlatah Delanggu, alun-alun lan Prambanan.

Miturut pandugi jalur Solo-Jogja badhe dhedhel, awit saking punika ing malem warsa enggal, salebeting pengamanan, Polres ugi kabiyantu dening TNI, Satpol PP lan Dishub. ( Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.