Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Panen Pantun Teknologi Tajarwo

Panen Pantun Teknologi Tajarwo

Kulonprogo, www.jogjatv.tv – Kanthi ngecakaken tehnologi Tanam Jajar Legowo (Tajarwo), panen pantun Kelompok Tani Wonorejo, Padhukuhan Satu, Desa Pleret, Kecamatan Panjatan, Kulonprogo maremaken. Kelompok Tani Wonorejo dinten Rebo (23/12) enjing wiwit manen pantun tanemanipun. Asil panen pantun jinis Ciherang samangke kapetang maremaken, kanthi asil 11,08 ton gabah garing ing saben hektaripun, langkung kathah tinimbang taun kapengker ingkang nggayuh 9,7 ton gabah garing ing saben hektaripun. Samangke warganing Kelompok Tani Wonorejo sampun ngecakaken pola Tanam Jajar Legowo, inggih punika let antawising taneman kirang langkung 41 centi, satemah taneman badhe langkung gampil ngrembaka, pangupakawisipun gampil lan menawi katerak ama gampil anggenipun ngawekani. Wiyaring pasabinan ing Wonorejo ingkang panen kirang langkung 39 hektar.

Kepala Dinas Pertanian dan Kehutanan kulonprogo Bambang Tri Hapsoro, ngajab asil panen wulan Desember samangke saged kangge nyekapi kabetahan uwos ing Kulonprogo satemah boten kedah masok uwos saking sanjawining rangkah.

 

Sinaosa sawetawis katerak wereng, nanging kanthi pendampingan petugas penyuluh lapangan saking Dinas Pertanian dan Kehutanan Kulonprogo, tundhanipun saged dipun awekani dene asil panenipun ugi maremaken. (Muhammad Sugeng)

Share this with friends

Comments are closed.