Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pasabinan Ringinharjo Katerak Tikus

Pasabinan Ringinharjo Katerak Tikus

Bantul, www.jogjatv.tv – Sawetawis pasabinan ing bulak gumuk, Ringinharjo, Bantul, sampun seminggu punika katerak ama tikus. Sinaosa maneka kupiya sampun dipun tindakaken kangge mbrastha ama punika, nanging tetela dereng wonten asilipun.

Marjuki, salah satunggaling petani ing Ringinharjo pisambat jalaran taneman pantun gadhahanipun ing pasabinan bulak gumuk Ringinharjo risak katerak ama tikus. Taneman pantun ingkang sampun umur seket dinten punika saperangan wonten ingkang pejah awit dipun krikiti tikus. Maneka kupiya sampun dipun tempuh, wiwit saking ngelebi sabin lan ugi cara sanesipun kadosta nyemprotaken insektisida dhateng taneman pantun. Nanging kupiya kasebat dereng saged kangge ngawekani paneraking ama tikus, namung saged mendha sawetawis wekdal.

Sinaosa paneraking ama tikus saged mendha sawetawis, nanging taneman ingkang sampun kalajeng risak boten saged dipun wilujengaken. Limrahipun damen sami bolong satemah tuwuh pangrembakanipun dados kirang sae. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.