Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Katrajang Bena, Kreteg Gantung Risak

Katrajang Bena, Kreteg Gantung Risak

Purworejo, www.jogjatv.tv – Kreteg gantung lepen dulang ingkang nyambetaken sawetawis desa ing Kecamatan Butuh Purworejo, samangke risak jalaran katrajang bena lepen dulang. Tundhanipun kreteg samangke miring jalaran salah satunggal sling kreteg pedhot.

Kreteg gantung ingkang nyambetaken antawisipun desa ing Kecamatan Butuh Purworejo Jawa Tengah, inggih punika ing Desa Lubang Lor miring sasampunipun salah satunggal sling woting kreteg pedhot, awit katrajang bene lepen dulang ingkang ngentiraken tumpukan sangkrah sawetawis dinten kapengker. Ngantos samangke kreteg punika dereng dipun dandosi, sinaosa makaten saperangan warga tetep nekat langkung kreteg kasebat, awit mujudaken margi baku tumuju desa sanes.

Warga ngajab Pemerintah Kabupaten Purworejo tumuli ndandosi kreteg gantung ingkang rusak punika, awit mujudaken sarana baku ingkang nyambetaken sawetawis desa ing kecamatan butuh, kadosta Desa Lubang Lor, Lubang Kidul, Lugu lan desa sanesipun. Kreteg punika ugi margi tumrap petani kangge dhateng sabin. Dene menawi kedah ngalang, badhe nempuh lampah ingkang langkung tebih malih.

( Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.