Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pameran Produk Budaya Khas Jogja

Pameran Produk Budaya Khas Jogja

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv–Pangrekadaya dipun lampahi kangge mekaraken Produk Budaya Khas Jogja, antawisipun lumantar pameran. Pameran maneka produk UMKM binaan Disperindakop DIY samangke, dipun gelar dhateng teleng papan blanja, ing Ngayogyakarta.

Pameran Produk Budaya Khas Jogja taun 2015 dipun estreni 50 UMKM ing DIY, ingkang nawakaken maneka unjukan lan nyamikan Khas Jogja, antawisipun peyek-wedang uwuh sarta jampi beras kencur, kepara wonten salah satunggaling UMKM ingkang ndhasaraken dawet pegagan, kanthi bahan bakunipun pegagan ingkang kathah dipun panggihaken ing Kabupaten Kulonprogo.

Kejawi langkung regeng, pameran ingkang dipun gelar dhateng mall kawawas langkung sekeca, awit warga ingkang dhateng pameran ngiras blanja kabetahan padintenan. Disperindakop sengaja nggelar Pameran Produk Khas Jogja kangge nepangaken produk UMKM dhateng masyarakat supados para perajin saged tumut rebat unggul.

Kejawi jajanan sarta tetedhan Khas Jogja ugi dipun pameraken maneka kerajinan lan bathik. Miturut rantaman, Gelar Produk Budaya samangke badhe dipun gelar ngantos tanggal 22 November benjing. (Fauzan Ahmad)

Share this with friends

Comments are closed.