Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ngonthel Bareng Mubeng Rawa Jombor

Ngonthel Bareng Mubeng Rawa Jombor

Klaten, www.jogjatv.tv—Kanthi ancas kangge njurung masyarakat supados grenseng numpak sepeda, sarta kangge ngregengaken pengetan ambal warsa kaping kalih Padhepokan Tirta Kencana, ngiras kangge nepangaken kaendahan Rawa Jombor minangka papan wisata unggulan dipun adani kridha sepeda santai, Ngonthel Bareng Mubeng Rawa Jombor.

Ewonan warga Krakitan lan sakiwa tengenipun tumut sepeda santai mubeng Rawa Jombor , Ing Tlatah Krakitan , Bayat ,Klaten, Jawa Tengah.

Padhepokan Tirta Kencana inggih satunggaling paguyuban ingkang warganipun saking maneka kalangan antawisipun petani , kadang bakul , kontraktor , guru , sarta wirausaha, ingkang cacahipun 2.600 tiyang lan tansah kupiya mujudi karaharjan warga sakiwa tengenipun.

(Haryadi)

Share this with friends

Comments are closed.