Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

PAMERAN KERIS SUMMIT 2015

PAMERAN KERIS SUMMIT 2015

Yogyakarta, DIY www.jogjatv.tv Kangge ngengetaken lan suka seserepan dhateng masyarakat, bilih samangke keris sampun dipun akeni dening jagad internasional minangka warisan budaya saking Indonesia, Dinas Kebudayaan DIY nggelar Pameran Keris Summit 2015. Salebeting pameran punika, atusan keris saking saindenging Indonesia dipun pameraken dhateng Benteng Vredeburg Ngayogyakarta.

Atusan keris punika asal saking 68 paguyuban sutresna tosan aji saking Ngayogyakarta, Sumatera, Sulawesi, Solo, Lombok, punapadene Madura. Pameran keris sengaja dipun gelar kangge ngengetaken malih dhateng masyarakat bilih keris inggih mujudaken warisan budaya donya saking Indonesia. Miturut Kepala Bidang Sejarah Museum dan Purbakala, Erlina Hidayati Sumardi, Dinas Kebudayaan DIY sengaja nggelar pameran punika kangge nepangaken dhateng masyarakat bab caranipun ngupakawis lan memetri keris.

Miturut Ketua Pameran, Fendi Prayitna, pangrembakaning padhuwungan samangke langkung grengseng tinimbang taun-taun saderengipun, awit samangke kathah paguyuban sutresna dhuwung, sarta wiwit kathah wiranem ingkang remen dhateng dhuwung. Kacihna, samangke kathah kolektor dhuwung saking kalanganing wiranem, sarta saben pameran kathah wiranem ingkang dhateng ningali.

Salebeting pameran punika ugi wonten bursa keris, caranipun damel warangka lan prabotipun. Pameran badhe dipun gelar ngantos tanggal 1 November 2015 ing Benteng Vredeburg.  ( Twin Kumilah )

Share this with friends

Comments are closed.