Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

LABUHAN HONDODENTO

LABUHAN HONDODENTO

Bantul, DIY www.jogjatv.tv Upacara labuhan tumrap bebrayan Jawa inggih satunggaling lampah adat tilaranipun leluhur, ingkang ngantos samangke taksih dipun leluri. Kadosta ingkang dipun tindakaken dening Yayasan Hondodento, kanthi ngadani labuhan tanggal 15 Sura ing Pesisir Pantai Parangkusumo Kretek Bantul.

Iring iringan Bregada Paksi Katon miwiti lampahing kirab budaya lan labuhan ingkang dipun adani dening Yayasan Hondodento, dinten Rebo (28/10) siyang. Kanthi ngangge busana kaprajuritan, bregada punika dados cucuk lampahing kirab, saking Cepuri Parangkusumo tumuju dhateng Pesisir Parangkusumo. Dene ing wingkingipun, para putri dhomas mbekta maneka ubarampe labuhan, mlampah kanthi dipun songsongi songsong susun. Dhateng sakiwa margi kirab, kathah warga masyarakat lan ugi wisatawan ingkang ningali lampahing upacara.

Dumugi gisik pesisir, para pasarta labuhan lenggah jajar ngadhep samodra. Abdi Dalem Juru Kunci Parangkusuma, Surakso Anindyo miwiti lampahing upacara kanthi monjukaken donga, kalajengaken dening perwakilan warganing Yayasan Hondodento saking sawetawis kitha, ugi monjukaken donga.

Salah satunggaling panitia labuhan, Ibnu Warsoyo mratelakaken, Labuhan Hondodento samangke inggih labuhan ingkang kaping 41, minangka sarana memetri budaya Jawa. Kangge lampahing upacara samangke, Yayasan Hondodento dipun sengkuyung dening Dinas Kebudayaan DIY.

( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.