Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pagelaran Ringgit Purwa 2 Dhalang

Pagelaran Ringgit Purwa 2 Dhalang

Sleman, www.jogjatv.tv – Kangge mengeti ambal warsanipun ingkang kaping tigang dasa pitu taun, SMP Negeri Satu, Mlati, Sleman, dinten Setu (2/4) ngadani pagelaran ringgit purwa sedalu natas, kababar dening 2 dhalang.

Rambahan kapisan kababar dening Aldi Riski siswa kelas 3 SMPN 1 Mlati, kalajengaken dening Ki Teguh Suyanto, dhalang saking Seyegan Sleman, alumni SMP kasebat. Pagelaran ringgit dipun regengaken dhagelan,  Dalijo lan Sukir. Miturut Pelaksana Tugas  Kepala SMPN 1 Mlati, Rini Trimurti,  kridha pamulangan boten namung  bidang akademis kemawon nanging ugi nengenaken  pendidikan budi pekerti lan budaya. Awit saking punika, salebeting pengetan ambal warsa, kaping 37 lan reuni alumni angkatan tahun 1980 ngantos taun 2000 dipun regengaken maneka kridha  budaya, antawisipun lomba mbatik lan lomba geguritan, mengku ancas kangge memetri kagunan  budaya jawa.

Salebeting pambagyanipun Bupati Sleman, Sri Purnomo mratelakaken, minangka kupiya  memetri kagunan budaya adi luhung, Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kabupaten Sleman, ingkang samangke  nunggal dados  satunggal dinas, badhe kapantha dados 2 dinas, supados langkung tumemen salebeting memetri  kabudayan.

 

(Subardi)

Share this with friends

Comments are closed.