Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Dharma Shanti Nyepi

Dharma Shanti Nyepi

Magelang, www.jogjatv.tv – Mungkasi pahargyan Dinten Riyadi Nyepi, taun 1938 Saka, Umat Hindu ing Magelang Jawa Tengah, nindakaken  Upacara Dharma Santhi,  mapan ing GOR Gemilang, kompleks Pemerintah Kabupaten Magelang.

Upacara Dharma Shanti pucak pahargyan Dinten Riyadi Nyepi samangke  dipun regengaken pagelaran tari dening penari saking Pura Wirabuwana, Magelang lan sendratari kontemporer dening penari saking Ngayogyakarta. Pagelaran sendratari kasebat nyariyosaken satunggal paraga ingkang suka wejangan dhateng masyarakat, ingkang tumindakipun awon.

Salebeting kalodhangan kasebat, para penari ngajak umat hindu beksan sesarengan. Miturut panitia, Upacara  Dharma Shanti Nyepi taun 1938 Saka, Made Pipil, Dharma Shanti inggih pucaking Upacara Pahargyan Nyepi, ingkang ancasipun kangge nyupeketaken pasedherekan kanthi masrahaken  Simokrame, pralambang apura ing apuran.

 

(Yuki Pramudya)

Share this with friends

Comments are closed.