Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pagelaran Kethoprak Pengetan Dinten Kamardikan

Pagelaran Kethoprak Pengetan Dinten Kamardikan

Klaten www.jogjatv.tv – Pagelaran kethoprak lampahan Roro Kembang Sore dening Paguyuban Kethoprak Warga Budaya, Desa Bero Kecamatan Trucuk,Kabupaten Klaten, ngregengaken pucak pengetan Dinten Kamardikan ing wewengkon kasebat.

Kades Bero , Suranto mratelakaken, ketoprak inggih seni  pertunjukan rakyat tilaran  nenek moyang asli Indonesia mliginipun ing Tanah Jawa pramila kedah dipun pepetri. Seni ketoprak nyawijekaken seni tari, gamelan, sastra lan drama. Kethoprak ngrembaka ing tlatah Jawa Tengah kalebet Ngayogyakarta, inggih punika Kethoprak Gagrag Mataraman dene cariyosipun methik lelampahan gesang sanak kadang  tani amrih majenging jagat pertanian nanging anut pangrembakaning jaman lampahan kethoprak  ugi methik cariyos  sejarah. Kados pagelaran ketoprak lampahan Roro Kembang Sore ingkang nyariyosaken  sejarah Hadeging Kabupaten Tulungagung ing Jaman Majapait.

Miturut Suranto  pagelaran  kethoprak samangke inggih kupiya kangge memetri kagunan budaya adiluhung ngiras kangge  nglipur masyarakat. Rantamanipun pagelaran  kethoprak badhe dipun gelar kanthi ajeg setaun sepisan kanthi ndayakaken  wiranem minangka regenerasi budaya. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.