Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

KWT Harjobinangun Majeng Lomba Toga Tingkat Nasional

KWT Harjobinangun Majeng Lomba Toga Tingkat Nasional

Sleman, www.jogjatv.tv – Tim juri lomba  Pemanfaatan Tanaman Obat Keluarga (Toga) Tingkat Nasional dipun pandegani dening Ketua Tim Penggerak PKK Pusat, Erni Guntarti Tjahjo Kumolo, mbiji kebun toga gadhahan Kelompok Wanita Tani (KWT) Desa Harjobinangun, Kecamatan Pakem Sleman, dinten Rebo (31/8) siyang. Tim juri kepareng mriksani toga ingkang dipun tanem dening   KWT Desa Harjobinangun dhateng laladan cengkar pekawisan  kas desa. Wonten 211 jinis taneman obat  ingkang dipun tanem, antawisipun taneman purwaceng, tanduk rusa, prono jiwo, temu lawak, temu ireng, markisa lan maneka jinis kunir. Kajawi punika ugi cumawis blumbang ulam kangge terapi, sarta maneka taneman pasren, pramila kebon kasebat boten namung mligi kangge nanem taneman herbal nanging ugi dados papan kangge enggar-enggar penggalih. Salajengipun tim pambiji rawuh dhateng Padukuhan Beji, Desa Harjobinangun kangge nyemak kebun toga lan teleng  olahan toga antawisipun jampi gendhong,  produk herbal, maneka jus sarta  pelatihan budidaya toga lan obyek wisata toga.

Miturut Staf Ahli Bupati Bidang Kemasyarakatan dan SDM Kabupaten Sleman, Murni Rahayu, sawetawis taun pungkasan prasasat sedaya warga Desa Harjobinangun  nanem toga dhateng pekawisan griyanipun. Ancasipun supados gampil  nyekapi kabetahan obat herbal ngiras kangge mimbuhi pamedal kulawarga.

Ketua tim juri ingkang ugi Ketua Tim Penggerak PKK Pusat, Erni Guntarti Tjahjo Kumolo rumaos mongkog dhateng gregetipun  ibu-ibu Kelompok Wanita Tani Desa Harjobinangun, ingkang kasembadan nanjakaken  laladan cengkar kangge nanem  taneman obat. Sedaya tetuwuhan yektinipun piguna nanging   masyarakat racakipun dereng mangertos pramila kedah dipun sukani seserepan  bab jinis lan pigunanipun. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.