Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Misayamina Pesisir Sadheng Paceklik Ulam

Misayamina Pesisir Sadheng Paceklik Ulam

Gunungkidul, www.jogjatv.tv –Sampun watawis 3 wulan pungkasan ing pesisir Sadeng, Girisubo, Gunungkidul dumados paceklik ulam. Sawetawis jinis ulam angel anggenipun misaya, tundhanipun tempat pelelangan ikan ugi katingal sepen jalaran winatesipun ulam asiling misaya. Awit saking punika, sawetawis kadang misayamina kedah pados tambahan pamedal kanthi nggarap pakaryan sanes, kadosta olah tetanen, tumrap kadang misayamina ingkang gadhah pasiten olah tetanen.

Dene para kadang misayamina ingkang tetep bidhal misaya, saperangan tumuju dhateng wewengkon pesisir Teleng Ria Pacitan Jawa Timur, awit ing papan kasebat nedheng mangsa ulam layur ingkang reginipun ngantos kawandasa ewu rupiyah saben kilonipun. Dene asil misaya ingkang saged dipun bekta wangsul racak ngantos kalih ton saben bidhal misaya.

Salah satunggaling petugas TPI, Paeto, mratelakaken, sampun watawis sewulan punika 20 prau jukung bidhal miyasa dhateng wewengkon pesisir Teleng Ria Pacitan, dene ingkang dhateng pesisir Sadheng kantun watawis sekawan prau jukung. ( Anjar Ardityo )

 

Share this with friends

Comments are closed.