Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Mentan Milujengaken Regi Gabah

Mentan Milujengaken Regi Gabah

Sragen, www.jogajatv.tv – Menteri Pertanian, Amran Sulaeman, tundhanipun milujengaken regi gabah ing Sragen Jawa Tengah. Bab kasebat dipun tindakaken nanggapi dhawuh saking Presiden bab penyerapan sedaya gabah asil petani. Kangge milujengaken regi gabah kasebat, Kementrian Pertanian tembayatan kaliyan Pemerintah Daerah, Badan Urusan Logistik, Perbankan lan TNI AD.

Tim gabungan punika badhe tansah nyemak lan badhe nanggilangimandhapipun regi gabah ing tataran petani lumantar program percepatan serap gabah dan beras dhateng tlatah teleng produksi pantun. Salah satunggalipun inggih ing Desa Sidodadi, Kecamatan Masaran, Sragen, Jawa Tengah, ingkang ngantos samangke taksih asring dipun prangguli regi gabah kering panen, reginipun sangandhaping regi ingkang dipun tetepaken dening Pemerintah. Adhedhasar data, regi gabah kering panen ing tataran petani samangke 3200 Rupiah saben kilonipun. Wondene regi gabah kering panen saking pengepul 3500 ngantos 3700 Rupiah saben kilo. Regi kasebat nuwuhaken kaprihatosan tumrap para petani nalika mangsa panen. Andhapipun regi gabah punika njalari petani saya rekaos.

Ngawekani bab kasebat, Pemerintah sampun netepaken target harga penyerapan gabah kering panen ing tataran petani dados 3700 Rupiah saben kilo. Wondene regi gabah kering panen ing gudang bulog 4600 Rupiah saben kilo. Kabupaten Sragen ingkang gadhah pasabinan wiyaripun ngantos 41.164 hektar, ingkang sampun panen inggih 36.481 hektar. Saking asil panen kasebat gabah kering panen ingkang saged dipun tampi bulog kathahipun antawis 32 ngantos 33 ribu ton saking pasabinan ingkang dereng dipun panen.

Tumapaking mangsa panen samangke badhe tumuli dipun awekani dening Pamarentah, mliginipun Kementrian Pertanian kanthi ngerigaken 404 penyuluh pertanian PNS, THL-TB penyuluh pertanian swadaya ing Kabupaten Sragen, sarta 208 Babinsa, ingkang badhe ngampingi lan mbiyantu tata niaga penyerapan gabah petani ngantos nyemak gesehing regi ingkang saged njalari kapitunan tumrap petani. Salebeting kalodhangan kasebat amran ugi suka bantuwan combine dhateng gangsal wanita berah tani, sarta bantuan traktor dhateng pitu Babinsa warganing TNI. (Heru Kristianto )

Share this with friends

Comments are closed.