Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Merti Golong Gilig

Merti Golong Gilig

Yogykarta, www.jogjatv.tv — Warga Kampung  Dipowinatan, Mergangsan,Kota Yogyakarta nggelar Upacara Adat,  Merti Golong Gilig. Ancasipun kangge memetri kagunan budaya adiluhung, sarta minangka wujud syukuripun awit sih nugraha Gusti Ingkang Hakarya Jagat,

Upacara kapurwakan pethilan paprangan  Raden  Arjuna  mengsah 3  raseksa,  pangemba tekading Masyarakat Dipowinatan salebeting ngadhepi maneka perkawis gesang. Upacara Merti Golong Gilig dipun regengaken kirab budaya ngarak gunungan arem-arem mubeng kampung nempuh lampah 3 kilometer, kaombyong Bregada Prajurit Dipo Satrio, kelompok rebana sarta warga ingkang ngangge  busana adat.

Sasampunipun dipun kirab gunungan kangge rayahan warga.

Upacara Adat Merti Golong Gilig Ajeg dipun tindakaken saben Wulan  Agustus mengku ancas kangge grengsengaken gotong royong lan wujud guyub rukuning warga kanthi pangemba sada ingkang dipun tangsuli dening sesepuh  masyarakat.

Sasampunipun kirab, warga lan wisatawan ngrahapi  dedaharan  tradisional kanthi lelahananingkang dipun cawisaken dhateng  sauruting margi Kampung Dipowinatan. ( Fauzan Ahmad )

Share this with friends

Comments are closed.