Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Karnaval Pengetan Dinten Kamardikan

Karnaval Pengetan Dinten Kamardikan

Purworejo, www.jogjatv.tv – Warga Kelurahan Baledono, Kecamatan Purworejo, Jawa Tengah, dinten Kemis (18/8) sonten nggelar karnaval pengetan kaping 71 taun Dinten Kamardikan, langkung margi-margi mathis ing Kitha Purworejo antawisipun jalan ahmad yani lan Jalan WR Supratman. Panitia karnaval Mujamin mratelakaken, karnaval kanthi irah-irahan Pembangunan Baledono Bersatu Dalam Rangka Memeriahkan Peringatan Hari Kemerdekaan RI Yang Ke 71 dipun regengaken maneka kridha seni  khas Purworejo .

Sedaya RT lan RW ing Kelurahan Baledono katingal greget nyengkuyung lampahing karnaval kanthi maneka kreasi antawisipun peragaan busana, maneka kridha seni lan drum band tradisional nuthuki galon air mineral lan  blek. Karnaval Pembangunan Kelurahan Baledono dados punjering kawigatosing warga, dhateng margi ingkang dipun langkungi pasarta karnaval. ( Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.