Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Masyarakat Adat Bali Nggegulang Paugeran Kraton Ngayogyakarta

Masyarakat Adat Bali Nggegulang Paugeran Kraton Ngayogyakarta

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Ngantos samangke Kraton Ngayogyakarta tansah ngugemi  adat istiadat lan memetri paugeran kraton. Bab wau tetela narik kawigatosan  maneka kalangan, kalebet  Masyarakat Adat Bali.awit saking punika, rombongan Masyarakat Adat Kutuh, Badung, Kutai Selatan, Bali dhateng Kraton Ngayogyakarta dinten Kemis (28/4) siyang kangge nggegulang adat istiadat lan tradisi kraton.

Rombongan Masyarakat Adat Bali dipun tampi dening sentana dalem, Gusti Bendoro Pangeran Haryo Prabukusumo lan Kanjeng Jatiningrat, ing Gedung Widyo Budoyo.  Kekalih sentana dalem, ngandharaken bab lampah adat lan sejarah Kraton Ngayogyakrta, antawisipun paugeran kraton.

Bendesa Adat Kutuh, Made Wena , sengaja dhateng  Kraton Ngayogyakarta awit Kraton Ngayogyakarta inggih salah satunggaling praja ingkang ngantos samangke taksih memetri lampah tradisi.

Masyarakat Badung ing Bali  tetela nate sesambetan kaliyan Kraton Ngayogyakarta, nalika jamanipun Sri Sultan Hamengkubuwono kaping IX ingkang lenggah  minangka Menteri Pertahanan dan Keamanan.

Salajengipun rombongan Masyarakat Adat Bali dipun ajak mubeng kedhaton ningali koleksi Museum Hamengkubuwono IX. Miturut rantaman pehak kraton lan rombongan Masyarakat Adat Bali ugi badhe sanja dhateng Gua Pindul lan Desa Wisata Pentingsari, Cangkringan,Sleman. (Fauzan Ahmad)

Share this with friends

Comments are closed.