Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Lomba Gebogan Lan Canangsari

Lomba Gebogan Lan Canangsari

Kota Yogyakarta,www.jogjatv.tv – Kangge mahargya Riyadi Nyepi Taun 2016 samangke, panitia nyepi saking kelompok mahasiswa nggelar lomba damel gebogan lan canangsari. Kanthi wontenipun kridha kasebat, kaajab para mahasiswa saged langkung supeket anggenipun sesambetan antawising sesami.

Para mahasiswa katingal tumemen anggenipun damel gebogan lan canangsari. Boten namung nata damel rangkanipun kemawo nanging ugi nata woh-wohan, kuweh lan sekar. Para pasarta inggih mahasiswa saking Bali ingkang saweg sinau dhateng pawiyatan luhur ing Ngayogyakarta. Lomba dipun gelar kangge ngregengaken pahargyan Nyepi taun 2016 benjing, sarta kangge nyupeketaken sesambetan antawisipun para mahasiswa asal bali.

Dene babagan ingkang dipun biji salebeting lomba inggih punika bab resik lan rapinipun sarta kaendahan lan originalitas gagasan.

Gebogan ingkang dipun damel memper redi, minangka wujud atur panuwun. Gebogan kasebat dipun rakit saking maneka woh-wohan lan tetedhan. Salajengipun maneka bahan kalawau dipun tancebaken dhateng debog alit lan dipun rengga miturut krentegipun piyambak- piyambak dene ingkang pungkasan maneka sekar dipun tata dhateng anaman janur ingkang sinebat canangsari.

( Twin Kumilah )

Share this with friends

Comments are closed.