Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Lokakarya PMI, Kompetensi Kehumasan

Lokakarya PMI, Kompetensi Kehumasan

Sleman, www.jogjatv.tv – Palang Merah Indonesia (PMI) tansah suka pitulungan sepisanan menawi sawanci-wanci tumempuh musibah punapa dene kacilakan, kanthi tindakan medis. Emanipun, ngantos samangke,  Organisasi Kemanusiaan PMI taksih nemahi maneka pepalang, antawisipun  jalaran winatesipun Staf Kehumasan ingkang profesional dhateng saben wewengkon.

Awit saking punika, salebeting Lokakarya “Penyegaran Kehumasan Nasional”, PMI pusat ngajak 14 perwakilan PMI daerah nindakaken kunjungan dhateng sawetawis instansi, antawisipun dhateng stasiun TV lokal Jogja TV. Salebeting  struktur organisasi, Staff Kehumasan boten namung winates  makarya kemawon nanging ugi kedah ngindakaken kaprigelan lan gadhah seserepan ingkang wiyar supados saged biwarakaken informasi antawisipun organisasi lan masyarakat. Kepala Biro Humas PMI Pusat, Aulia Apriani ngajab 14 wakil PMI daerah saking saindhenging Inodesia  ingkang tumut lokakarya sageda ngecakaken ngelmi lan seserepanipun dhateng wewengkonipun piyambak-piyambak. ( Tim Liputan )

Share this with friends

Comments are closed.