Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Bupati Nyebar Bibit Ulam

Bupati Nyebar Bibit Ulam

Bantul, www.jogjatv.tv – Nuhoni janjinipun sawetawis wekdal kapengker, Bupati Bantul Suharsono, nyebar bibit ulam dhateng  sawetawis bendungan lan embung ing tlatah Bantul dinten Rebo (25/5) siyang. Tuwuh gagasan kasebat awit samangke kathah lepen ingkang boten wonten ulamipun pramila  Bupati Bantul krenteg nindakaken Gerakan Tebar Benih Ikan Diperairan Umum salebeting Program Seratus Hari Dibidang Perikanan.Kangge miwiti kridha,bibit ulam dipun sebar dhateng Bendung Tegal, kebonagung imogiri kanthi dipun ampingi sawetawis SKPD .

Bupati Bantul ngangkah ekosistem ulam dhateng lepen lan embung pulih malih. Miturut bupati, kathahipun warga ingkang ngracun lan nyetrum ulam njalari langkanipun ulam dhateng perairan umum. Kawontenan kasebat ganggu tumrap ekosistem air tawar. Awit saking punika bupati ngajab supados aparat penegak hukum suka paukuman satrepipun dhateng warga ingkang ngracun lan nyetrum ulam.  ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.