Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

KPU Sosialisasi Pilakada Dhateng Lapas

KPU Sosialisasi Pilakada Dhateng Lapas

Klaten, www.jogjatv.tv – Kangge ngindakaken partisipasi pemilih, Pemilu Kepala Daerah, tanggal 9 Desember 2015 benjing, dinten Kemis (3/12) enjing KPU Kabupaten Klaten nindakaken sosialisasi pilkada dhateng lembaga pemasyarakatan kelas dua B, Klaten sarta dhateng sawetawis rumah sakit.

Saking 299 narapidana ing lembaga pemasyarakatan, kelas II B Klaten, 163 ing antawsipun mlebet daftar pemilih tetap. Warga binaan lapas kelas katingal tumemen tumut sosialisasi tahapan pilkada,. Salah satunggaling warga binaan, Kristiawan, ngajab, bupati lan wakil bupati ingkang kapilih sageda migatosaken kawula alit, mliginipun ing babagan ekonomi, awit ngantos samangke perkawis ekonomi ingkang njalari kadurjanan.

Miturut Divisi Pemungutan Suara, Joko Hadi Siswanto, sosialisasi pilkada kaajab ngindakaken partisipasi pemilih mliginipun ing lapas, dene lapas Klaten kalebet ing TPS 6.

( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.