Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kontes Obesitas Musang Yogyakarta

Kontes Obesitas Musang Yogyakarta

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Kontes sato padatan kangge sato klangenan limrah, kadosta sona, kucing utawi reptile nanging ing Ngayogyakarta dipun gelar kontes musang utawi luwak tataran nasional. Kejawi bobotipun, bab ingkang dipun biji inggih rapinipun wulu sarta kasarasan sato klangenan.

Kalihatus pamupu saking puluhan komunitas pencinta musang ing nuswantara ingkang tumut kontes kasebat , antawisipun saking Ngayogyakarta , Jawa Tengah ,Jakarta, Bandung, Surabaya lan Bali. Racak, luwak utawi musang ingkang tumut kontes bobotipun antawis 12 ngantos 18 kilogram, langkung awrat tinimbang ukuran luwak limrah ingkang namung antawis kalih ngantos tigang kilo kemawon.

Para warganing komunitas nelakaken langkung remen ngingah luwak tinimbang kucing, sona utawi reptil awit pangupakawisipun langkung gampil lan wragadipun mirah. Menawi anggenipun ngingah wiwit alit, luwak saged lulut lan manut dhateng ingkang ngopeni. Kejawi who-wohan, luwak ugi saged dipun pakani sekul utawi sayuran. Supados luwak saged lema, pakanipun ugi langkung kathah tinimbang jatah limrah.

Bab ingkang dipun biji salebeting kontes boten namung bobotipun kemawon nanging ugi bab kasarasan, rapinipun wulu kalebet ugi kuku lan untunipun .

Supados saged tumut kontes obesitas musang, luwak sabotenipun kedah bobot pitung kilo. Kejawi kategori obesitas ugi dipun gelar kontes musang kanthi kategori open mop utawi musang dengan kelainan warna, kadosta Musang Albino. ( Fauzan Ahmad )

Share this with friends

Comments are closed.