Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kirab Sadranan Kledokan

Kirab Sadranan Kledokan

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Mahargya Wulan Suci Ramadhan, warga Kledokan, Selomartani, Kalasan Sleman, ngetsreni  Kirab Budaya Sadranan. Kirab dipun estreni dening ewonan bidhal saking pelataran masjid tumuju sasanalaya dhusun ingkang tebihipun 2 kilometer. Salebeting kirab dipun arak gunungan wulu wedaling  bumi lan  tumpeng jangkep ingkung ayam, minangka wujudpratelan raos syukur awit Sih Nugraha Gusti Ingkang Hakarya Jagat .

Ancasing kirab sadranan kajawi  kangge mapag Wulan  Suci  Ramadhan ugi kanggee dongakaken para leluwu ngiras kangge memetri  lampah adat lan budaya wewengkon.

Sasampunipun kirab, warga dedonga dhateng sasanalaya  lan ziarah dhateng pasareyan  para leluwuripun.  Angkahipun sastanan sageda dados pilihan wisata ing Kabupaten Sleman.Pucaking upacara, gunungan wulu wedaling bumi kangge rayahan warga. ( Fauzan Ahmad )

 

 

Share this with friends

Comments are closed.