Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kepyakan Obyek Wisata Edukasi Pertanian

Kepyakan Obyek Wisata Edukasi Pertanian

Sleman,www.jogjatv.tv – Kampung Flory ing Padukuhan Pangukan, Desa Tridadi, Sleman dipun kepyakaken  minangka  Desa Edukatif Pertanian dan Pusat Jual Beli Tanaman Hias dan Bibit Tanaman Buah Unggul, dening Kepala Dinas Pertanian DIY, Sasongk dinten Minggu siyang. Dhateng kampung Flory  dipun tanem atusan jinis taneman pasren lan  bibit taneman woh-wohan ingkang unggul, cumawis blumbang ulam kangge papan ngenggar-enggar penggalih sarta kangge terapy  ikan. Kajawi punika ugi wonten  griya  limasan papan palereman tumrap   wisatawan.

Kepala Dinas Pertanian DIY, Sasongko nyengkuyung  kampung Flory Padukuhan Pangukan minangka Obyek Wisata Pertanian awit saged dipun tanjakaken kangge papan ngangsu kawruh lan  penelitian bidang pertanian tumrap  pelajar lan mahasiswa.  Supados papan  wisata tansaya edi, Sasangko ngajab supados  Kampung Flory dipun jangkepi  sarana prasarana  ingkang dipun betahaken.

Salebeting kalodhangan kasebat, Kepala Dinas Pertanian DIY, Sasongko lan Kepala Dinas Pertanian Perikanan dan Kehutanan Sleman, Widi Sutikno masrahaken  piala tumrap pamupu ingkang sasab lomba memedi sawah lan lomba nglukis caping, ingkang dipun gelar ing  Kampung Flori ing wiwitan wulan Mei kapengker. ( Subardi )

 

Share this with friends

Comments are closed.