Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Karnaval Bhineka Tunggal Ika

Karnaval Bhineka Tunggal Ika

Sleman, www.jogjatv.tv – Kangge ngregengaken pengetan pitungdasa setunggal taun Dinten Kamardikan, Warga Padhukuhan Pogung Kidul, Sinduadi, Mlati, Sleman nggelar karnaval. Karnaval ingkang dipun sengkuyung dening gangsal welas RT sa Padhukuhan Pogung Kidul punika, mubeng padhukuhan nempuh lampah watawis kalih kilometer.

Karnaval Padhukuhan Pogung Kidul lumampah regeng awit prasasat sedaya warga wiwit saking lare ngantos tiyang sepuh tumut lampahing karnaval. Wonten ing pambagyanipun, Kepala Desa Sinduadi, Senen Haryanto, mratelakaken, karnaval kados makaten prayogi saged kangge ndhudhah daya kreativitas seni ngiras memetri maneka budaya ing bumi nuswantara. Bab punika cundhuk kaliyan irah-irahaning karnaval samangke inggih punika Karnaval Bhineka Tunggal Ika.

Lampahing karnaval dipun bidhalaken dening Kepala Desa Sinduadi, Mlathi, Sleman lan tetela narik kawigatosan warga pramila dhateng sauruting margi ingkang kangge langkung karnaval, kathah warga ingkang ningali. Maneka kagunan seni ngregengaken lampahing karnaval. antawisipun tari angguk ceria, tari dayak, topeng ireng, ramayana, lan ugi wonten bregada lombok abang. ( Tim Liputan )

 

Share this with friends

Comments are closed.