Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kampus, Idustri Kreatif Tumrap Mahasiswa

Kampus, Idustri Kreatif Tumrap Mahasiswa

Bantul, www.jogjatv.tv — Sinaosa kathah seniman pertunjukan ing Indonesia nanging dereng wonten ingkang kaloka ngantos ngamanca.  Seniman racakipun nggegegi idealisme satemah nglirwakaken  mutuning pegalaran seni.

Bab wau kawedar salebeting Bincang Seni Pertunjukan ingkang dipun adani dening Djarum Bakti Budaya ing Gedung Kuliah Umum Fakultas Seni Pertunjukan Isi Yogyakarta, dinten Senen (15/8) siyang. Atusan  mahasiswa peanggihan kaliyan pelaku seni pertunjukan ing  Indonesia kangge tukar seserepan bab seni pertunjukan Indonesia supados  unggul ngantos  ngamanca . Ingkang paring pangandikan inggih seniman seni pertunjukan Butet Kertaredjasa, Garin Nugroho lan Dekan FSP ISI Yudiarti .

Salebeting kalodhangan kasebat Yudiarti njlentrehaken, jumbuh kaliyan  kurikulum Kemendikbud , kampus inggih  industri kreatif tumrap mahasiswa lan dosen. Kampus boten namung dados papan kangge ngudi ngelmi  nanging ugi kangge ndudah kasagetan sarta ndayakaken   karya seni pertunjukan minangka sumber pamedal gesang dene  sineas kaloka Indonesia, Garin Nugroho , ngajak supados  mahasiswa lan seniman ppertunjukan greget salebeting olah seni amrih  pagelaran  tansaya sae. Galeri Indonesia ingkang wonten ing Jakarta tansah binuka tumrap  seniman kangge nedahaken  karya seninipun. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.