Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kampanye Gemar Makan Ikan Laut

Kampanye Gemar Makan Ikan Laut

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Walikota Yogyakarta, Haryadi Suyuti  ngajak masyarakat nedhi ulam seganten, salebeting  Kampanye Gemar  Makan Ikan Laut, mapan  ing sangajeng air mancur kantor  walikota, Komplek Balaikota Yogyakarta, dinten Senen (11/4) enjing. Ancasipun supados  masyarakat  remen nedhi ulam mliginipun ulam seganten, awit  ngantos samangke  tingkant konsumsi ulam seganten taksih andhap tinimbang ulam loh.  Konsumsi ikan air tawar masyarakat DIY  75 ewu  ton saben taun dene konsumsi  ikan laut namung 5 ewu  ton saben taun, kamangka ulam seganten reginipun mirah lan  kathah ngandhut gizi.

Kampanye Gemar Makan Ikan Laut samangke dipun sengkuyung dening lembaga pendidikan lan hotel ing Ngayogyakarta kanthi nyawisaken  tetedhan ingkang bahan bakunipun  ulam seganten .

 

(Hari Atmaja)

Share this with friends

Comments are closed.