Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Demo Masak Ala Chef Jojo

Demo Masak Ala Chef Jojo

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Demo masak saking satunggaling chef kawentar inggih kangge sarana tukar kawruh lan seserepan bab masak, ingkang migunani tumrap para ibu rumah tangga. Kejawi maneka tips, salebeting demo masak Jojo Day’s Of Secret Of Cooking ingkang dipun gelar dhateng Ambarukma Plaza.

Jojo Day’s Of Secret Of Cooking inggih satunggaling kridha saking satunggaling restaurant, dipun pandhegani dening Chef Jojo, satunggaling Executive Chef Grand Aston Yogyakarta ngiras kangge nanjakaken wanci liburanipun. Demo masak ugi ngiras suka maneka trik dhateng para ibu rumah tangga bab caranipun masak, wiwit saking cecawisan, milih bahan, caranipun ngocal ngantos dados tetedhan ingkang miraos. Kejawi punika, Chef  Jojo ugi ngajak dhateng para pamirsa supados tumut masak sarta ngedumaken maneka doorprize. Miturut Chef Jojo, kridha ingkang saweg sepisanan dipun gelar dhateng Ambarukmo Plaza punika, kejawi kangge sarana tukar kawruh bab masak ugi suka tips bilih masak boten kedah ngginakaken bahan ingkang kathah lan jangkep nanging kanthi bahan ingkang winates ugi saged dipun damel tetedhan ingkang miraos lan pepak.

 

(Tim Liputan)

Share this with friends

Comments are closed.