Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Jajan Kuliner Kuna Ing Pasar Kangen

Jajan Kuliner Kuna Ing Pasar Kangen

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Taman Budaya Yogyakarta nggelar kridha Pasar Kangen 2016. Kridha taunan ingkang sampun dipun gelar kaping sanga samangke, inggih nyawisaken maneka wande barang antik lan kuliner lokal tempo dulu. Awit dipun tata kadosdene peken ing Ngayogyakarta jaman kawuri pramila dhateng Pasar Kangen yekti saged kangge jampi kangen dhateng suwasana Yogja kawuri.

Suwasana Yogja ing jaman kawuri sampun karaos lan katingal nalika tumapak mlebet kori Taman Budaya Yogyakarta. Puluhan bakul barang antik, wiwit saking piringan hitam, kaset, CD, kalawarti ngantos prabot griya ingkang sedayanipun cakrik lami saged dipun panggihaken dhateng Pasar Kangen. Boten namung punika, kridha taunan samangke ugi nyawisaken kuliner tradisional kadosta pecel, jenang gempol ngantos sate kere.

Supados suwasana ugi katingal kados jaman kawuri, sedaya bakul ing Pasar Kangen ugi kedah ngangge busana tradisional dene kangge tumbas barang ingkang dipun sade dhateng Pasar Kangen ugi saged dipun awis.

Pasar Kangen sengaja dipun gelar kangge sarana kreatifitas tumrap para bakul kuliner ing Ngayogyakarta sarta ngengetaken malih suwasana jaman kawuri tumrap para warga ingkang dhateng Pasar Kangen.

Menawi panjenengan kepengin ningali utawi blanja barang antik lan kuliner kuna, sumangga dhateg Pasar Kangen Taman Budaya Yogyakartaingkang miturut rantaman badhe dipun gelar ngantos tanggal 24 Juli 2016. ( Fauzan Ahmad )

Share this with friends

Comments are closed.