Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Gladhi Resik Solo Menari 24 Jam

Gladhi Resik Solo Menari 24 Jam

Solo, www.jogjatv.tv – Maneka cecawisan sampun dipun tindakaken dening maneka sanggar seni kangge nyengkuyung gumelaring Solo Menari 24 Jam antawisipun Sanggar Tari Soerya Soemirat ingkang nindakaken gladhi resik dinten Selasa (26/4) kangge nyengkuyung kridha ingkang dipun gelar tanggal 28 -29 April.75 penari,  50 penari putri lan 25 penari kakung, tumut gladhen kanthi dipun pandhegani dening 10 panggladhi tari.

Salebeting pagelaran benjing, Sanggar Soerya Soemirat badhe nggelar Tari Caping , Tari Umbul-Umbul lan pangombyong wali kota  dhateng papan gumelaring kridha ing Jl  Jendral Soedirman, Gladhag.  Cecawisan sampun dipun lampahi sewulan pungkasan, kawiwitan gladhi iringan, koreografi lan ingkang pungkasan gladhi resik . (Heru Kristianto)

Share this with friends

Comments are closed.