Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Gerakan Cintai Hutan

Gerakan Cintai Hutan

Kulonprogo, www.jogjatv.tv– Kangge ngawekani longsor sarta kangge njagi lestarining alam, ewonan bibit taneman dipun tanem dhateng papan wisata Canthing Mas Dipowono, Padhukuhan Clapar Satunggal, Desa Hargowilis, Kecamatan Kokap, Kulonprogo, dinten Rebo (18/11) enjing. Wewengkon kasebat mujudaken hutan negara ingkang samangke dipun kemonah dening masyarakat minangka wisata alam. Gerakan Tanam Dan Cinta Hutan dipun tindakaken dening Dinas Kehutanan Dan Perkebunan DIY, tembayatan kaliyan Fakultas Pertanian UGM lan Pemerintah Kabupaten Kulonprogo.

Ewonan bibit taneman ingkang dipun tanem inggih bibit uwit jati, akasia lan nyamplung.

Pemkab Kulonprogo nyengkuyung program penghijuan dhateng kawasan wisata alam, awit piguna kangge ngawekani longsor sarta edukasi simbolik tilaran leluhur. Pembibitan kangge nggantos wit-witan ingkang sampun dipun tegor supados hutan negara saged dipun tanjakaken kangge wisata alam satemah ngangkat karaharjan masyarakat. Awit saking punika, wana ingkang dumunung 600 meter saking lumahing seganten kasebat kababar kangge wisata alam kanthi wiyar 197 hektar. Pangajabipun wisata alam Canthing Mas, saged monjo kados wisata Kalibiru, Mangunan, Bantul lan Watu Payung, Gunungkidul.

Miturut Wakil Bupati Kulonprogo, Sutedjo, penghijauan sakalangkung migunani kangge ngawekani dumadosipun longsor. Awit saking punika penghijauan kedah dipun grengsengaken malih kangge nggantos wit-witan ingkang sampun dipun tegori.

Boten namung dhateng wisata alam Canting Mas Dipowono kemawon, penghijaun ugi badhe dipun tindakaken dhateng gumuk gundul, ingkang mutawatosi   longsor. Gerakan Tanam Cinta Hutan , badhe grengseng dipun gethok tularaken dhateng masyarakat.

(Muhammad Sugeng)

Share this with friends

Comments are closed.