Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Aksi Bersih Kali

Aksi Bersih Kali

Klaten, www.jogjatv.tv – Lepen sarta irigasi dados kabetahan baku kangge mujudi ketahanan pangan. Irigasi ingkang rancag sakelangkung biyantu ngindhakaken produksi pertanian. Mangertos dhateng pigunaning lepen, atusan warga Desa Pluneng, Kecamatan Kebonarum, Klaten, nggelar aksi bersih kali, kabiyantu dening puluhan warganing TNI Kodim nol tujuh-dua tiga Klaten sarta para siswa SD.

Kanthi ngginakaken pacul lan arit, warga ngadani aksi bersih kali. Lendhut sarta pasir ing lepen dipun keruk supados ilining toya rancag.

Aksi bersih kali kawiwitan saking Tuk Sumber Pluneng ngantos dumugi saluran irigasi sakiwa tengen Desa Pluneng, Kecamatan Kebonarum, Klaten. Ancasipun amrih ilining irigasi dhateng sabin rancag supados kadang tani saged tumuli olah tetanen malih. Dandim Klaten , Letkol Infantri Bayu Jagat ngajab, irigasi ingkang rancag wigati kangge mujudi ketahanan pangan ing Kabupaten Klaten sumrambahipun Nasional. Siswa dipun ajak reresik lepen kangge ndunungaken supados boten bucal uwuh dhateng lepen amrih lepen tansah resik.

(Purwanto)

Share this with friends

Comments are closed.