Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

FKUB Kupiya Njagi Kerukunan

FKUB Kupiya Njagi Kerukunan

Yogyakarta, www.jogjatv.tv –Kangge njagi kerukunan umat, jalaran pengetan maulid nabi nyarengi dinten riyaya natal, bakesbanglinmas diy, ngadani pepanggihan kaliyan para pengurus forum kerukunan antar umat beragama, FKUB. Kanthi lampah makaten kaangkah warga ing ngayogyakarta tetep tentrem, boten wonten cecongkrahan.

Kangge ngawekani cecongkrahan ing antawisipun umat pangrsuk agami, salebeting mahargya hari besar keagamaan, bakesbanglinmas diy, nglempakaken para pengurus forum kerukunan antar umat beragama, fkub , dinten kemis enjing. Sampun kawuningan, pengetan maulid nabi taun punika, dhumawah tanggal 24 desember, utawi sedinten dungkap natal menggahing umat nasrani. Awit saking punika, fkub minangka forum ingkang madhahi kerukunan ing antawisipun pangrasuk agami, kaajab saged dados mediator, kangge ngawekani maneka perkawis ingkang saged dumados salebeting pengetan hari keagamaan kekalih agama.

Agung ugi ngajab supados umat kekalih agami boten gampil kenging pangaribawa maneka isu sara, kanthi pawadan agama. ( Heri Susanto )

Share this with friends

Comments are closed.