Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

7.297 rumah tidak layak huni

7.297 rumah tidak layak huni

Sleman, www.jogjatv.tv – sinaosa sawetawis taun pungkasan, pemkab sleman grengseng nindakaken program bedah rumah, nanging kasunyatanipun, ngantos samangke, taksih wonten pitung ewu kalih atus sangang dasa pitu unit, rumah tidak layak huni. Awit saking punika, pemkab sleman ngajab bantuwan saking pehak swata, amrih rancaging progam kasebat.

Miturut pelaksana tugas, Sekda Sleman, Iswoyo Hadiwarno, 7. 297 rumah tidak layak huni kasebat, sumebar dhateng sawetawis tlatah sleman. Kepara ing kecamatan sleman ingkang kalebet tlatah kiitha Kabupaten Sleman, samangke wonten 830 griya ingkang boten murwat. Awit saking punika, pemkab sleman grengseng nindakaken program bedah rumah tidak layak huni, ngantos 200 unit saben taun, kanthi suka bantuwan redana 11 yuta saben unit. Jalaran redana ingkang dipun cawisaken winates, pramila pemkab sleman ngajab wontenipun bantuwan saking pehak swasta amrih rancaging progam kasebat.

Iswoyo Hadiwarno, Plt Sekda Sleman Salah Satunggaling Warga Padukuhan Sleman Tiga ,Desa Triharjo, Kecamatan Sleman Kabupaten Sleman, Sudarmi ingkang nembe kemawon nampi bantuwan progam bedah rumah saking pemkab sleman rumaos remen, jalaran griyanipun mutawotasi rebah, satemah bebayani, tumrap kawilujenganing kulwarag. Keselamatan keluarganya.

( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.