Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Festival Timus

Festival Timus

Karanganyar, www.jogjatvtv – Kabupaten karanganyar dinten Setu (19/12) sonten nggelar festival akbar kuliner timus, sesirah Intanpari Culinary 2015. Langkung saking 117 desa saking 17 kecamatan sarta organisasi wanita sarta Usaha Mikro Kecil dan Menengah, tumut lampahing festival timus. Kridha ingkang dipun gelar dhateng alun -alun karanganyar kasebat dipun estreni dening ewonan warga ingkang kepengin ningali caranipun damel lan nyawisaken timus.

Timus inggih satunggaling tetedhan tradisional ingkang dipun damel saking tela, dene Kabupaten Karanganyar inggih teleng produsen tela, pramila pasudiyan tela sakalangkung kathah. Awit saking punika kuliner timus ing Karanganyar tansah dipun tepangaken dening Pemerintah Kabupaten Karanganyar.

Salebeting festival, kathah pasarta ingkang damel timus kanthi maneka raos, kadosta raos nangka, duren, coklat, pisang lan ugi strawberry. Timus dipun damel maneka raos punika supados beda kaliyan padatanipun. Bupati Karanganyar Juliyatmono lan Wakil Bupati Rohadi Widodo tumut salebeting festival kanthi miwiti damel timus.

Miturut Bupati karanganyar, festival timus mengku ancas kangge ngangkat jinis tetedhan tradisional. (Heru Kristianto)

Share this with friends

Comments are closed.