Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Biwara Peduli Bumi

Biwara Peduli Bumi

Boyolali, www.jogjatv.tv – Dinten Setu (21/12) siyang, Menteri Agraria dan Tata Ruang, Ferry Mursyidan Baldan, mbiwarakaken Peduli Bumi dhateng pereng Redi Merbabu lan Merapi tlatah Boyolali, Jawa Tengah. Ancasipun kangge nggatra kapribadhen salebeting kabudayan lan ugi berdikari ing babagan ekonomi awit samangke masyarakat sampun wiwit boten perduli dhateng alam.

Biwara Peduli Bumi kawiwitan kanthi ngarak tumpeng ageng isi wulu wedaling bumi, minangka lambang ruwatan bumi. saderengipun biwara, dipun gelar maneka kagunan seni kerakyatan, kadosta Tari Soreng ngantos Tari Topeng Ireng, tari mirunggan saking perenging Redi Merapi lan Merbabu dene minangka biwara peduli bumi dipun tindakaken pagas tumpeng dening Menteri Agraria dan Tata Ruang, Fery Mursyidan Baldan. Menteri ngajab wewengkon merapi kedah tetep dados ruang hidup tumrap masyarakat, awit saking punika wewengkon wisata kasebat kajengipun tuwuh ngrembaka kanthi alami.

Biwara Peduli Bumi dipun tindakaken ing Desa Samiran, Kecamatan Selo, Boyolali, Jawa Tengah, awit desa kasebat dados juara nasional minangka desa wisata lan desa inovatif. kejawi pola pertanian organik, biogas ugi dados salah satunggal energi alternatif ing papan kasebat. Maneka tradisi budaya lokal ugi taksih linampahan ing desa ingkang dumunung antawising Redi Merapi lan Merbabu. (Sri Haryadi)

Share this with friends

Comments are closed.