Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Budidaya Sirsat

Budidaya Sirsat

Klaten, www.jogjatv.tv – Petani ing Kecamatan Karangdowo,Klaten nanem taneman who-wohan dhateng pasitenipun. Kejawi kangge sarana penghijauan ugi kangge suka tambahan pamedal nalika paceklik. Kadosta ingkang dipun tindakaken dening para petani ing Desa Babadan ingkang nanem taneman sirsat dhateng pasitenipun.

Kirang langkung wonten watawis tigangatus taneman sirsat dipun tanem dening para petani dhateng pasitenipun. Para petani milih nanem sirsat jalaran kejawi uwohipun pajeng kasade, jinis taneman punika ugi gadhah daya kasiat kangge jampi tradisional. Toya godhogan ron sirsat tetela saged kangge ngawekani sesakit kolesterol lan ginjel.

Kades Babadan, Jarodi mratelakaken suka panjurung dhateng para kadang tani jalaran nanem taneman sirsat tetela kathah pigunanipun. Kejawi nambah pamedalipun petani nalika mangsa paceklik, ugi saged kangge sarana jampi tradisional sarta kangge penghijauan.

Bab ingkang sami ugi dipun telakaken Camat Karangdowo Agus Suprapto, kangge program penghijuan dhateng sawetawis desa ing wewengkonipun, sampun kacawisaken anggaran redana kirang langkung 95 yuta rupiyah. Kejawi punika Agus ugi ngajab supados warga ugi nanem taneman repojia, inggih taneman ingkang saged ngawekani organisme pengganggu tanaman satemah taneman pantun saged kalis saking ama. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.