Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Bolu Sawo

Bolu Sawo

Bantul, www.jogjatv.tv – Mapan dhateng tlatah pareden ingkang cengkar,  boten lajeng njalari nglokro. Kawontenan ingkang sarwa winates tetela dados  pamecut supados majeng lan saged rebat unggul  kaliyan  warga ing wewengkon sanes. Sinaosa kebak pepalang nanging  kanthi pawitan greget ingkang makantar, asilipun badhe maremaken.

Kanthi pawadan wau, Ervita Dwi Astuti, satunggaling relawan pemberdayaan masyarakat ing Dlingo, ngrekadaya  ndudah kaskayaning Kelurahan Dlingo. Kajawi ndayakaken wisata alam, Ervita utawi Pipit, nanjakaken uwoh  sawo kangge damel kuweh bolu. Sasampunipun lampah panyobinipun kasil, Pipit lajeng ngajak para ibu ing Kelurahan Dlingo damel bolu sawo.

Lon-lonan samangke tansaya kathah para ibu ing Kelurahan Dlingo ingkang damel bolu sawo. Ewa semanten ngantos samangke taksih kathah pepalang ingkang dipun adhepi. Awit saking punika, Pipit kupiya nyade  bolu sawo dhateng peken kanthi nawakaken dhateng   toko oleh-oleh. Samangke bolu sawo kasebat saged kapanggihaken dhateng  wande ing sakiwa tengen Kabupaten Bantul. Ing tembe  Pipit gadhah gagasan badhe damel dosol sawo minangka tetedhan  khas Kecamatan Dlingo . ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.