Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Blantik Kewan Kurban 

Blantik Kewan Kurban 

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Dungkap Dinten Riyadi Idul Adha, samangke mratah blantik kewan kurban ingkang sadeyan dhateng tlatah Kota Yogyakarta antawisipun dhateng Jalan Pramuka. Seminggu pungkasan para blantik mliginipun blantik menda wiwit ndasaraken daganganipun dhateng papan kasebat.  Menda dagangan para blantik racak dipun pasok saking  Temanggung, Jawa Tengah dene reginipun antawis  sayuta nem atus ewu rupiyah  ngantos sekawan yuta  rupiyah. Miturut pandugi, tumapak Dinten Riyaya Idul Adha, panyadening kewan kurban badhe laris awit tansaya kathah warga ingkang tumbas menda kangge korban.

Sinaosa samangke wiwit mratah blantik menda ingkang sadeyan dhateng tlatah Ngayogyakarta nanging  kewan kurban ingkang dipun sade, prasasat dereng dipun priksa kasarasanipun dening bebadan ingkang kawogan kamangka masyarakat betahaken kewan korban ingkang saras. ( Hari Atamaja )

Share this with friends

Comments are closed.