Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Biwara Pengetan Hari Buruh

Biwara Pengetan Hari Buruh

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Kangge biwarakaken, pengetan Hari Buruh minangka hari libur nasional, Pemkot Yogyakarta badhe ngadani kridha jalan sehat tanggal setunggal Mei benjing. Kridha kasebat kaangkah dipun estreni 1.500 buruh ing Kota Yogyakarta .

Miturut Kepala Dinas Sosial Tenaga Kerja  dan Transmigrasi, Hadi Muhtar, pengetan Hari Buruh Nasional, dipun gelar ing Balaikota   Yogyakarta. Kridha ingkang saweg sepisanan dipun gelar kasebat, mengku ancas kangge biwarakaken Hari Buruh  utawi May Day  sarta kangge  ngawekani bab-bab ingkang boten dipun pikajengi.

Wondene perwaklilan Serikat Buruh Kota Yogyakarta, Purwo Haryanto ngajab supados  salebeting kridha kasebat para  buruh dipun sukani kalodhangan ngadani orasi damai dhateng panggung. (Hari Atmaja)

Share this with friends

Comments are closed.