Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Anomali Cuaca, Dinas SDA Nyamektakaken Saluran Irigasi

Anomali Cuaca, Dinas SDA Nyamektakaken Saluran Irigasi

Bantul, www.jogjatv.tv – Dinas Sumberdaya Air Kabupaten Bantul, ngrekadaya ngawekani  anomali cuaca ingkang dumados sawetawis wekdal pungkasan antawisipun kanthi dandosi lan reresik  saluran irigasi sarta nyawisaken pompa toya.

Kepala Bidang Pemeliharaan Irigasi Dinas Sumberdaya Air Kabupaten Bantul,Suyitno mratelakaken, samangke pehakipun kupiya nyamektakaken  saluran irigasi ing saindhenging wewengkon Kabupaten Bantul . Saluran primer , sekunder lan tersier dipun samektakaken kangge ngawekani anomali cuaca sawetawis wekdal pungkasan. Nalika mangsa ketiga, irigasi  kangge nyekapi  kabetahan toya kridha olah tetanen. dene nalika mangsa rendheng, saluran  irigasi kangge ngilekaken toya supados boten ngembengi papan dununging warga.  Suyitno ngajab supados sanak kadang tani tanggap dhateng kawontenan, menawi kirang toya prayogi nanem palawija dene menawi kacekapan toya, saged nanem pantun.

Pangupakawising saluran irigasi inggih tanggel jawab  Dinas SDA Bantul, ewa semnaten jalaran  kirangipun kesadaran masyarakat salebeting njagi  saluran irigasi , satemah saluran irigasi  kebak slangkrah.  Awit saking punika,   petani kedah grengseng gotong royong reresik uwuh.

(Anang Zainudin)                       

Share this with friends

Comments are closed.