Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Bebathen Plesir Dhateng Desa Wisata

Bebathen Plesir Dhateng Desa Wisata

Magelang, www.jogjatv.tv – Awit sampun asring plesir dhateng papan wisata telenging kitha, keluarga daihatzu zebra club utawi zecers yogyakarta, milih wisata dhateng Desa Wisata Tirto Krajan, Desa Tirto Kecamatan Salam, Magelang, Jawa Tengah. Wisata dhateng desa wisata, pranyata gadhah bebathenipun, awit kejawi saged ningali kaendahan alam kanthi hawa ingkang seger, ugi saged blanja barang kanthi regi ingkang mirah ngiras nggrengsengaken lampah perekonomian warga karang padhusunan.

Tumapak taun 2016, keluarga daihatzu zebra club, utawi zecers yogyakarta, dinten setu lan minggu kalawingi nggelar wisata sesirah temu kangen awal tahun utawi tekat dhateng Desa Wisata Tirto Krajan, Desa Tirto, Kecamatan Salam, Magelang, Jawa Tengah. Kejawi ningali kaendahan alam padhusunan ingkang hawanipun taksih seger, salebeting lampah wisata punika, warganing zecers ugi saged blanja sarta ningali kridhanipun warga damel maneka kerajinan, kadosta bathik, maneka tetedhan olahan, lan ugi blanja wohwohan langsung dhateng petani. Maneka lomba ugi dipun gelar, kadosta dolanan tradisional, kadosta lomba mindhah toya salebeting gelas mawi taplak, lomba nampani toya buntelan plastik mawi taplak sarta tarik tambang, ingkang sedaya wau amrih guyubing warga zecers.

Miturut ketua daihatsu zebra club yogyakarta, Edy Pramono, plesir dhateng desa wisata pranyata kathah bebathenipun. Kejawi hawanipun taksih resik lan seger, barang-barang ingkang dipun sade dhateng sakiwa tengen papan wisata reginipun ugi langkung mirah, sarta ugi nggrengsengaken lampah perekonomian ing karang padhusunan.

( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.