Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Batik warna alam saya ngrembaka

Batik warna alam saya ngrembaka

Sleman, www.jogjatv.tv – Sawetawis taun pungkasan, saya kathah warga ingkang remen ngangge busana batik warna alam. Kawontenan kasebat bebatheni tumrap  perajin batik pewarna alam ing Kabupaten Sleman.

Satunggaling perajin batik alusan ing Padukuhan Jodag, Desa Sumberadi, Kecamatan Mlati, Sleman, Subowo mratelakaken, 5 taun pungkasan, saya kathah warga ingkang remen ngangge busana batik pewarna alam. Sakawwit panyadening badhe batik warna  alami 100 lembar, samangke mindhak dados  150 ngantos  200 lembar saben  wulan dene welingan ekspor batik alami dhateng sawetawis nagari ugi mindhak.  Bab wau, awit masyarakat  sampun mangertos bilih  batik warna alami ramah lingkungan lan aman.

Miturut Subowo mbatik nanjakaken  pewarna alami langkung njlimet tinimbang  batik warna sintetis pramila reginipun langkung awis. (Subardi)

Share this with friends

Comments are closed.