Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ngawekani Bena, Sungapan Bogowonto Dipun Keruk

Ngawekani Bena, Sungapan Bogowonto Dipun Keruk

Kulonprogo, www.jogjatv.tv –Atusan warga kabupaten Kulonprogo lan Purworejo, gotong-royong mbedhah sungapan lepen Bogowonto, Kecamatan Temon, Kulonprogo. Menawi pasir ingkang nutup sungapan boten dipun keruk, dipun kuatosaken lepen Bogowonto mbludag malih. Awit saking punika, warga ngajab pemerintah tumuli cawe-cawe mbedhah sungapan lepen Bogowonto supados boten dumados bena nalika jawah deres.

Nembe sawetawis dinten jawah deres, griyaning warga, laladan pasabinan lan tambak urang ing Kabupaten Kulonprogo lan Purworejo kembengan toya. Atusan warga Jangkaran lan Jatikontal, Purworejo, Jawa Tengah , dinten Rebo (11/11) enjing ngeruk pasir ingkang bunteti sungapan lepen bogowonto. Menawi sungapan boten tumuli dipun bedhah, menawi sawanci-wanci jawah deres, atusan hektar pasiten badhe keblabak bena malih. Dinten Rebo (11/11), taneman jagung, pantun lan tambak urang ing Desa Pasir Mendhit lan Pasir Kadilangu,. Kulonprogo sampun kembeng toya. Kangge ngawekani kapitunan urang ingkang dereng wancinipun dipun panen kepeksa dipun sade. Sinaosa taun kapengker pemerintah sampun ngeruk pasir ing lepen ngginakaken backhoe nanging samangke lepen kebak pasir seganten malih.

Miturut Kadus Jatikontal, Purwodadi, Purworejo, Jawa Tengah Subiyanto, jawah sadanguning tigang dinten, 5 desa ing wewengkonipun inggih Jatimalang, Jatikuntal, Karanganyar, Gedangan lan Jogoboyo sampun keblabak bena. ( Muhammad Sugeng )

Share this with friends

Comments are closed.