Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

143 Relawan Nampi Pangalembana PMI DIY

143 Relawan Nampi Pangalembana PMI DIY

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Palang Merah Indonesia (PMI )DIY suka tandha pangalembana dhateng 143 relawan, mapan ing Bangsal Kepatihan Ngayogyakarta dinten Kemis (14/1)siyang. Pangalembana samangke wonten tigang kategori, pangalembana tumrap pendonor, pengurus lan mantan pengurus sarta dhateng media massa. Kaajab lumantar pangalembana punika saged suka panjurung dhateng masyarakat kangge tumut gerakan donor darah kanthi lila legawa.

143 relawan nampi tandha pangalembana saking Ketua PMI DIY Herry Zudianto. Tandha pangalembana dipun paringaken dhateng pendonor darah sukarela ingkang sampun donor darah kaping 50 ngantos 75. Kejawi punika tandha pangalembana ugi dipun paringaken dening Gubernur DIY Sri Sultan HamengkuBuwono X dhateng para pengurus lan mantan pengurus PMI saindenging DIYingkang kawawas sampun ageng labuh labetipun ngabdi dhateng kamanungsan inggih nalika tumempuhing musibah alam utawi nalika kawontenan limrah. Samangke PMI ugi suka tandha pangalembana dhateng sawetawis media massa ingkang tansah suka informasi stok darah punapadene kridha kemanusiaan PMI.

Kus Sudariya, salah satunggaling relawan PMI saking Kabupaten Gunungkidul kadudut manahipun dados pendonor sukarelaawit nalika bapakipun sakit mbetahaken kathah rah kangge tranfusi. Samangke Kus Sudariya sampun donor darah kaping 103 lan nate nampi Satya Lencana Sosial saking Presiden Jokowi.

Saben taun PMI tansah suka tandha pangalembana minangka wujud pangalembana lan panuwun dhateng para relawan ingkang ageng labuh labetipun dhateng kamanungsan.

Ing umuripun ingkang kaping 70 taun samangke Palang Merah Indonesia ngajab saged ngabdi dhateng kamanungsan lan kamardikan .

( Fauzan Ahmad )

Share this with friends

Comments are closed.