Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

News filed in:

"Pawartos Ngayogyakarta"

Home

Pawartos Ngayogyakarta

Terowongan Batubara Mbah Soero

Sawahlunto, www.jogjatv.tv – Tumrap panjengengan ingkang remen wisata, prayogi tindak dhateng Kitha Sawahlunto, Provinsi Sumatra Barat. Ing papan kasebat, wisatawan saged ningali terowongan batu bara tilaran jaman Walandi, inggih punika Terowongan Mbah Soero, ingkang elok. Ing Kitha alit ingkang wiyaripun 27,345 hektare, kathah wewangunan sejarah cakrik Walandi, ingkang ngantos samangke taksih lestari. Kitha sepuh kasebat,... {...}

Continue Reading →

Taneman Klengkeng Itoh Trep Dipun Tanem Ing Ngare

Klaten, www.jogjatv.tv – Taneman klengkeng, limrahipun dipun tanem dhateng dataran tinggi. Sinaosa makaten, taneman Klengkeng Itoh Super tetela trep dipun tanem dhateng ngare.awit saking punika, Isto Suwarno, warga Pamukti Baru, Desa Tlogo, Kecamatan Prambanan Kabupaten Klaten, Jawa Tengah, greget budidaya klengkeng kasebat. Bibit taneman Klengkeng Itoh Super inggih saking Thailand,.Kelengkeng itoh super langkung unggul tinimbang... {...}

Continue Reading →

Takbir Keliling Kecamatan Pakualaman

Yogyakarta,www.jogjatv.tv – Kangge mahargya Dinten Riyadi Idul Adha 1436 Hijriyah, Badan Koordinasi TKA,TPA,TQA rayon pakualaman nggelar takbirkeliling, selasa (22/3). Takbir keliling bidhal saking lapangan Sewandanan Pakualaman, langkung Jalan Suryo Pranoto, Jalan Purwanggan, Sarta Jalan Gadjah Mada. Atusan pasarta takbir keliling katingal greget ngumandhangaken asma Allah SWT. Takbir keliling dipun gelar kanthi prasaja, tanpa rerenggan maneka... {...}

Continue Reading →

Regi Sata Dereng Cetha, Petani Sata Was Sumelang

Klaten, www.jogjatv.tv –Dereng gumathokipun regi sata saking pabrik ses, njalari petani sata ing Kecamatan Gantiwarno was sumelang kepara saperangan petani boten greget panen sata sepisanan jalaran reginipun mirah. Awit saking punika, petani sata namung pasrah dhateng kawontenan. Miturut petani sata wragat tanem samangke nggayuh Rp 10 yuta ewa semanten dereng wonten pabrik ses punapa dene... {...}

Continue Reading →

Jamaah Muhammadiyah Sholat Ied

Klaten, www.jogjatv.tv – Atusan jamaah Muhammadiyah Ing Klaten, Jawa Tengah , dinten Rebo (23/9), nindakaken Sholat Idul Adha 1436 H dhateng   sawetawis papan, antawisipun ing pelataran GOR Gelarsena. Ingkang jumeneng imam inggih Toufiq Qurohman dene khotibipun, Subiyanto . Salebeting khotbahipun, Subiyanto ngajab supados   umat islam nulad kautaman Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail , ingkang nindakaken... {...}

Continue Reading →

Upacara Tumplak Wajik

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Dungkap Dinten Riyadi Idul Adha 1436 Hijriyah, Kraton Ngayogyakarta, nindakaken Upacara Tumplak Wajik, ing pelataran Bangsal Magangan, Kraton Ngayogyakarta, dinten Senen (21/9). Kraton Ngayogyakarta, inggih salah satunggaling Kerajaan Islam ing Nuswantara, ingkang nggegegi piwucal Agami Islam. Kerajaan ingkang madeg abad 17 punika, tansah caket kaliyan kawulanipun, antawisipun kanthi nindakaken upacara adat. Kadosta... {...}

Continue Reading →

Posyandu Sampah

Klaten, www.jogjatv.tv –Ibu-ibu PKK ing Desa Kemudo, Prambanan Klaten, gadhah gagasan nhapuk posyandu sampah. Sewulan sepisan ibu-ibu nabung uwuh, dhateng bank sampah ing griya salah satunggaling perangkat desa wewengkon kasebat. Uwuh ingkang dipun bekta warga, dipun timbang lan dipun tumbasi kanthi pengaos ingkang murwat. Sasampunipun mlempak, uwuh plastik lan wesi dipun tabung dhateng bank sampah.... {...}

Continue Reading →

Panyadening Lembu Lesu

Gunungkidul, www.jogjatv.tv –Dungkap Riyadi Idul Adha, lampah dagang ing Peken Rajakaya Siyonoharjo, lesu. Panyadening lembu taun punika, mandhap 50 persen, tinimbang taun kapengker. Miturut pandugi, kawontenan kasebat jalaran warga sampun tumbas kewan kurban sawetawis wekdal kapangkerlan dipun pendhet nalika badhe dipun pragat. Dungkap Idul Adha taun punika, regi lembu mindhak antawis Rp 2 yuta ngantos... {...}

Continue Reading →

Cuaca Ekstrim, Warga Gampil Sakit

Klaten, www.jogjatv.tv – Kangge biyantu warga ingkang ing mangsa ketiga samangke, nandhang maneka sesakit, salah satunggaling Rumah Sakit ing klaten ngadani   Sosialisasi Hidup Secara Sehat sarta kridha usada lelahanan dhateng Dhusun Karang Duwet, Klaten Tengah. Cuaca ekstrim kados samangke, njalari warga gampil nandhang maneka sesakit. Kawontenan kasebat jalaran ing wanci siyang hawa sakelangkung benter dene... {...}

Continue Reading →

Saluran Irigasi Risak, Produktivitas Pertanian Suda

Bantul www.jogjatv.tv – Risakipun saluran irigasi awit tumempuhing lindhu ageng taun kalih ewu enem kapengker, ingkang ngantos samangke dereng dipun dandosi, njalari sudanipun produktivutas pertanian ing tlatah Bantul. Nalika tumempuhing lindu ageng taun 2006 kapengker kathah saluran irigasi ingkang risak lan ngantos samangke racakipun dereng dipun dandosi, jalaran winatesipun redana anggaran. Kurdaning redi merapi taun... {...}

Continue Reading →

Page 98 of 99