Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

News filed in:

"Pawartos Ngayogyakarta"

Home

Pawartos Ngayogyakarta

Rumah Singgah Usada Lelahanan

Klaten, www.jogjatv.tv–Kangge mbiyantu anak didik, ingkang ugi anak jalanan sarta masyarakat sakiwa tengen, gayut kaliyan babagan kasarasan, Rumah Singgah Klaten Jawa Tengah ngadani usada lelahanan. Usada lelahanan dipun gelar dhateng Rumah Singgah, ingkang dumunung ing Tegal Blateran, Klaten Tengah, Klaten ,Jawa Tengah. Kanthi tembayatan kaliyan RSCH Klaten, saben taun, kanthi ajeg Rumah Singgah nindakaken misi... {...}

Continue Reading →

Kulawarga Pencak Silat

Sleman, www.jogjatv.tv–Sinaosa saweg gadhah bayi umur gangsal wulan, nanging boten nyurudaken gregetipun Adnan Abdulah lan Lia Aristantia tumut olahraga pencak silat. Salebeting PORDA kaping 13 taun 2015 ing Kabupaten Kulonprogo. Wiwit anem, Adnan Abdulah lan Aristantia pancen remen olahraga pencaksilat. Kepara sasampunipun mbangun balewisma, pasangan kulawarga, warga padhukuhan Bakungan, desa WEDOMARTANi, kecamatan Ngemplak ,Sleman punika... {...}

Continue Reading →

Kementan Kupiya Nikelaken Prodhuksi Pantun

Bantul, www.jogjatv.tv–Sinaosa nemahi pepalang awit mangsa ketiga panjang, nanging awit patembayatan maneka pehak, samangke petani saged nyuda raos kuwatos gagal panen. Para petani tetep saged panen raya ing mangsa ketiga lan ngasilaken pantun ingkang saged kangge nyekapi kabetahan masyarakat. Ancaman puso ing mangsa ketiga samangke, njalari masyarakat kuwatos badhe mindhakipun regi bahan pangan, mliginipun uwos.... {...}

Continue Reading →

Job Market Fair 2015

Klaten www.jogjatv.tv–Kangge nyuda angka pengangguran, Pemerintah Kabupaten Klaten nggelar malih Job Market Fair, dhateng Gedung Sunan Pandanaran. Salebeting Job Fair sadanguning kalih dinten. Para pencari kerja, ngebaki papan gumelaring Job Market Fair, Miturut Kepala Dinsosnakertran Klaten, Sugeng Haryanto, Job Market Fair kaping 3 samangke, nyawisaken ewonan lowongan saking 50 perusahaan, inggih lokal Klaten punapadene ing... {...}

Continue Reading →

Bathik Ngregengaken Pekan Expo 2015

Purworejo, www.jogjatv.tv– Koleksi bathik saking maneka tlatah tumut ngregengaken Pekan Expo Purworejo 2015. Salah satunggalipun stand saking DEKRANASDA Purworejo, majang bathik ciri mathi Purworejo, antawisipun motif bathik Adi Purwo, gambar penari dolalak lan bedhug. Kejawi purworejo, koleksi bathik saking Pekalongan lan Kabupaten Banjarnegara, ugi dipun pajang salebeting pameran. Bathik Banjarnegara ingkang dipun pameraken antawisipun motif... {...}

Continue Reading →

Sasampunipun Idul Adha, Regi Rajakaya Popog Awis

Bantul, www.jogjatv.tv – Seminggu sasampunipun Dinten Riyadi Idul Adha, regi lembu lan menda taksih popog awis. Miturut pandugi, wontenipun pranatan ingkang matesi jatah impor daging lembu njalari regi rajakaya popog. Dinten selasa (29/9) legi samangke, inggih pekenan sepisanan, peken rajakaya imogiri sasampunipun Dinten Riyadi Idul Adha. Atusan blantik lan warga saking sawetawis wewengkon, ngebaki peken... {...}

Continue Reading →

Piodalan Pura Sasana Bakti

Klaten, www.jogjatv.tv – Umat hindu ing Desa Pasung, Kecamatan Wedi,Kabupaten Klaten nindakaken upacara Piodalan Pura Sasana Bakti.Wiwit sonten Umat Hindu mlempak dhateng pendhapi Pura Sasana Bakti, kanthi bekta sesaji wulu wedaling bumi, minangka wujud bakti dhumateng Ida Sang Hyang Widi Wasa. Ungeling kidung lan gentha ndayani swasana tidhem lan meneb salebeting upacara Puja Bakti ingkang... {...}

Continue Reading →

Pekan Expo, Sarana Nepangaken Produk Lokal

Purworejo, www.jogjatv.tv – Pekan Expo rerangkening pengetan ambal warsa Kabupaten Purworejo dipun gelar malih. mapan ing Alun-Alun Purworejo. Pameran ingkang dipun sengkuyung dening puluhan stand punika, dipun kepyakaken dinten Selasa (29/9) siyang, sineksen Bupati Purworejo, Bupati Magelang, Kebumen, Wakil Bupati Kulonprogo, Forkominda sarta tamu sedahan. Bupati Purworejo ngajab, Pekan Expo sageda dados kalodhangan tumrap UMKM... {...}

Continue Reading →

PD Bank Sleman Bikak Cabang Ing Godean

Sleman, www.jogjatv.tv – Sinaosa samangke perekonomian saweg lesu jalaran anjlogipun aos rupiyah, tumrap dolar amerika, Perusahaan Daerah Bank Sleman kepara tansaya ngrembaka. Inggih kanthi bikak kantor cabang dhateng Kecamatan Godean, ingkang dipunkepyakaken dinten senen (28/9) sonten. Kantor Perusahaan Daerah Bank Sleman Cabang Godean, dumunung ing Padhukuhan Geneng, Desa Sidoagung. Kecamatan Godean. Kepyakan kantor cabang dipun... {...}

Continue Reading →

Korem 072 Pamungkas Ngadani Donor Darah

Sleman, www.jogjatv.tv – Korem 072 Pamungkas Yogyakarta , ngadani kridha donor darah, dhateng salah satunggaling mall, dinten selasa (29/9) siyang. Donor darah dipun estreni dening puluhan garwa prajurit sarta atusan warganing TNI Angkatan Darat, Laut lan Udara. Ancasing kridha kangge ngregengaken pengetan Hari TNI ingkang kaping 70 sarta ambal warsa Kodam IV Diponegoro. Kridha kasebat... {...}

Continue Reading →

Page 96 of 99